Acara Pra-festival “Europe on Screen” Dipunramekaken Praktisi Film Eropa

  • Whatsapp
festifal europe on screen
festifal europe on screen

SemartaraNews – Jakarta, 10/11. Festival film uni eropa “europe on screen” nggelar rangkean kegiatan pra-festival ingkang madeg saking kelas intensif saha webinar sareng para praktisi film profesional.

Rangkeyaning acara ingkang dipunwontenaken tanggal 9-13 november menika dipunlampahaken kanti virtual nglangkungi aplikasi zoom. Europe on Screen ndamel kalih acara, inggih punika kelas nyerat skenario film sareng domenico la porta ing 9-12 november 2020. Dan webinar “ngawontenaken festival film daring” sareng festival scope lan perwakilan festival film uni eropa wonten india lan zimbabwe ing 13 november 2020. \

Kelas intensif penyeratan skenario film badhe kedados salami kawan dinten kebikak kangge 40 peserta, ingkang madeg saking 25 peserta kapilih saking universitas multimedia nusantara lan 15 peserta umum ajeng berpartisipasi. Kelas intensif punika dipunbikak mligi kagem penulis naskah utawi skenario film wonten tingkat semi-profesional lan profesional.

Editor: Ireng

Related posts

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *